Pitutur Luhur ing Wayang
Wayang dumadi saka Tembung "yang" Utawa "hyang" antuk ater ater wa-, tegese roh kang biasa gawe beja cilikaning manungsa. Wayang iku gegambaran watak lan jiwaning manungsa. A. Maca lan nanggapi teks wayang Dewi Kunthi Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Devi Prita, yaiku kelebu putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake kagungan katurunan saka kulawarga Yadama, yaiku putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi duwe sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena. Shinta Kadhusta Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastralu...