Katresnan Kang Sejati


A.   Crita rakyat

Crita Rakyat yaiku crita kang dicritake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Tumpraping bocah – bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah – bocah. Crita rakyat duwe unsur – unsur pembangun, kayata, te,a, tokoh utawa penokohan, latar (Setting), alur(plot), sudhut pandhang, lan amanat.

Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai – nilai, antarane yaiku nilai – nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan,lan karya cipta manungsa, nilai – nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai – nilai moral kang duweni gegayutan karo tumidhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

v  Titikane crita rakyat
a.       Penyebarane kanthi lesan
b.      Duweni sipat tradhisional
c.       Sugi cakrik lan variasi
d.      Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruh sapa sing nanggit)
e.      Wagune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane

v  Mungpate crita rakyat
a.       Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b.      Mupangat dedaktif yaiku ndidhik para kang maca amarga nilai – nilai kebeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
c.       Mupangat estetis yaiku menehi nilai – nilai kaendahan.
d.      Mupangat moralitas ngemu nilai – nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa ngerteni moral kang apik lan elek.
e.      Mupangat religius yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa diadhake tuladha kanggo para kang maca.

v  Unsur Crita rakyat
a.    Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.
b.      Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
c.       Penokohan yaiku piraga kang nduweni watak ing sajroning crita
d.      Alur yaiku urut – urutanne prastawa ing crita.
e.      Sudhut pandhang  yaiku cara pandhang panganggit tumprap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa uwong katelu.
f.        Amanat yaiku pesen kang diaturke dening panganggit marang wong kang maca.

v  Wujude crita rakyat miturut William R. Bacsom :
  •        Mitos : crita kang dianggep bener – bener kadadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara kidul, lan sapanunggale.
  •       Legendha : crita kang dianggep bener – bener kedadeyan, biyasane mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
  • Dongeng : Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya, tuladhane kancil Nyolong Timun, keong Mas, Lutung Kasarung. Lan sapanunggale.

B. Sinopsis

Sinopsis yaiku Ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehane nalika bakal nulis sinopsis, bab – bab kang kudu digatekake yaiku :

a.        Tema : Gagasan pokok, pokok crita
b.      Latar : Papan lan wektu dumadine prastawa
c.       Alur  :  lakuning crita
d.      Penokohan : Paraga crita.
e.      Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise


Sumber : Buku gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Tripama Pupuh Dhandanggula

Pitutur Luhur ing Wayang