Pawarta
Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa
liyane kalebu iklan. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan
becik iku bisa aweh pitulungan,ngethengake sanggan ananging nyatane suwalike
malah nekek gulu.
Ing Jaman sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan
panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet,koran anangin radi, tv, internet
uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane ikan kang
besik iku dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang
dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Saliyane saka basa kang gampang
dimangarti iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes.
A.
Ngrembug teks iklan
Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang
bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang diwatake. Lumantar medhiake
iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan
tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa
kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik
kayate TV lan Radhio.
Iklan kang becik yaiku juur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja,
gampang dimengerteni, narik kawigaten, sopan lan logis.
Unnsur- unsur iklan yaiku :
1. Jeneng barang utawa jasa
kang ditawakake
2. Pihak utawa pawongan kang
masang
3. Alamate sing masang
4. Kahanan serta manfaat
barang utawa jasa kang ditawakake
Titikane basa iklan yaiku :
1. Miguakake slogan.
2. Ukurane persuasi utawa
mbuuk wong liya.
3. Miguakake subjek wong
kapisan.
B. Cara nulis teks iklan sing apik
a. Sing dituju kudu cetha.
b. Sing ngirim kudu cetha.
c. Barang utawa jasa sing
ditawake kudu cetha.
d. Narik kawigaten sing maca.
e. Nuwuhake rasa pengin tuku
saka sing maca.
f. Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing
ditawakake.
g. Bisa nggawe sing maca tuku
barang sing ditawakake.
h. Nggunakake slogan utawa
sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
C. Cara nulis iklan :
1. Temtokna ancase iklan (nawake
barang utawa jasa).
2. Gawe cengkorongan kang dumadi
saka unsur-unsure pawarta
(Jeneng barang utawa jasa, sing nggawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat
3. Ngrembakake cengkorongan dadi
iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja
, cekak, emntes, cetha , sopan uga narik kawigaten.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA
👍
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapusShip
BalasHapusSae
BalasHapusFollow my ig @r.alfin.25
BalasHapusIkut yang komen atas saya.Follow Ig saya @azharram_
BalasHapusDari alumni smanda 22
BalasHapusUntuk smanda 23
Semangatttt dedekk bentar lagi un
Terimakasih kak, sukses selalu
HapusBermanfaat
BalasHapusSangat mantap
BalasHapusSemoga bermanfaat
BalasHapus