Pawarta


         Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan,ngethengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.

       Ing Jaman sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet,koran anangin radi, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane ikan kang besik iku dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Saliyane saka basa kang gampang dimangarti iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes.

A.      Ngrembug teks iklan

Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang diwatake. Lumantar medhiake iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio.

Iklan kang becik yaiku juur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimengerteni, narik kawigaten, sopan lan logis.

Unnsur- unsur iklan yaiku :
1.       Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
2.       Pihak utawa pawongan kang masang
3.       Alamate sing masang
4.       Kahanan serta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake

Titikane basa iklan yaiku :
1.       Miguakake slogan.
2.       Ukurane persuasi utawa mbuuk wong liya.
3.       Miguakake subjek wong kapisan.

B. Cara nulis teks  iklan sing apik

a.       Sing dituju kudu cetha.
b.      Sing ngirim kudu cetha.
c.       Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha.
d.      Narik kawigaten sing maca.
e.      Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca.
f.        Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake.
g.       Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake.
h.      Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.


C. Cara nulis iklan :

1.  Temtokna ancase iklan (nawake barang utawa jasa).
2.  Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta
(Jeneng barang utawa jasa, sing nggawe iklan, alamat, kahanan utawa      manfaat
3.   Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang   prasaja , cekak, emntes, cetha , sopan uga narik kawigaten.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Tripama Pupuh Dhandanggula

Katresnan Kang Sejati

Pitutur Luhur ing Wayang