Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi
Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA
Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Tembung Kinanthi iku saka tembung kanthi
oeh seselan in. seselan in iki tegese padha karo ater - ater di-. dadi,
kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahke.
A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangan teks serat wedhatama ououh kinanthi
Kinanthi
Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak - panduking pambudi,
mbengkas kahardaning driya,
supadaya dadya utami
ü
Pupuh Kinanthi ing serat wedhatama ngemot
tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka
tembung marma tekan tembung utami.
ü
Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6
gatra utawa larik.
ü
Guru lagune tembang Kinanthi yaiku : u,i,a,i,a
lan i.
ü
Guru wilanganne tembang Kinanthi iku : 8,8,8,8,8
lan 8.
ü
Supaya gampang dieling – eling, guru wilangan
lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane ditulis : 8u,8i,8a,8i,8a lan 8i.
B. Mbedhah Perangane
Seat wedhatama pupuh Kinanthi
Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Kinanthi iku
dibangun saka larikan – larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra. Jlentrehe kaya andharan ing ngisor iki.
| Cakepan (Syair) | Guru Wilangan | Guru lagu | Ditulis |
| mar/ma/den/ta/be/ri/ku/lup | 8 | u | 8u |
| ang/u/lah/lan/ti/ping/a/ti | 8 | i | 8i |
| ri/na/we/ngi/den/a/ne/dya | 8 | a | 8a |
| pa/ndak/pan/duk/ing/pam/bu/di | 8 | i | 8i |
| mbe/kas/ka/har/da/ning/driya | 8 | a | 8a |
| su/pa/dya/da/dya/u/ta/mi | 8 | i | 8i |
C. Ngarang cakepan tembang Kinanthi
Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang
gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutke ing dhuwur, yaiku guru
gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan Kinanthi,
wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru
gatrane, guru wilangane lan guru lagune. Cara – cara iku bisa kanthi
tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasa
nama, tembung saroja lan sapanunggale.
Sumber : Buku gegaran Nyinau basa hawa Kelas XII SMA/SMK/MA
Uwuww
BalasHapusBaguuuuussss🤗
BalasHapus👍
BalasHapusBlog komplit mantapp
BalasHapusMantap mantap
BalasHapus👍
BalasHapushttps://amp-tirto-id.cdn.ampproject.org/v/s/amp.tirto.id/cara-pujangga-jawa-mengkritik-praktik-beragama-islam-cHja?usqp=mq331AQNKAGYAZPx0riV8af_UA%3D%3D&_js_v=a2&_gsa=1#referrer=https%3A%2F%2Fwww.google.com&share=https%3A%2F%2Ftirto.id%2Fcara-pujangga-jawa-mengkritik-praktik-beragama-islam-cHja
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapusTingkat kematangannya overcook
BalasHapusWahh kalau begini bisa dimarahi chef juna ya mbak..
BalasHapusAku si yess
BalasHapusBaaguuss
BalasHapusApoo
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus