Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi


Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Tembung Kinanthi iku saka tembung kanthi oeh seselan in. seselan in iki tegese padha karo ater - ater di-. dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahke.

A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks serat wedhatama ououh kinanthi



Kinanthi 

Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak - panduking pambudi,
mbengkas kahardaning driya,
supadaya dadya utami

ü  Pupuh Kinanthi ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami.
ü  Guru gatra saben sapadane tembang Kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
ü  Guru lagune tembang Kinanthi yaiku : u,i,a,i,a lan i.
ü  Guru wilanganne tembang Kinanthi iku : 8,8,8,8,8 lan 8.
ü  Supaya gampang dieling – eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi, biasane ditulis : 8u,8i,8a,8i,8a lan 8i.


B. Mbedhah Perangane Seat wedhatama pupuh Kinanthi
Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Kinanthi iku dibangun saka larikan – larikan kang diarani guru gatra cacahe enem gatra.  Jlentrehe kaya andharan ing ngisor iki.


Cakepan (Syair) Guru Wilangan Guru lagu Ditulis
mar/ma/den/ta/be/ri/ku/lup 8 u 8u
ang/u/lah/lan/ti/ping/a/ti 8 i 8i
ri/na/we/ngi/den/a/ne/dya 8 a 8a
pa/ndak/pan/duk/ing/pam/bu/di 8 i 8i
mbe/kas/ka/har/da/ning/driya 8 a 8a
su/pa/dya/da/dya/u/ta/mi 8 i 8i




C. Ngarang cakepan tembang Kinanthi
Ngarang tembang kinanthi iku kudu manut aturane kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutke ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan Kinanthi, wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatrane, guru wilangane lan guru lagune. Cara – cara iku bisa kanthi tetimbangan purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasa nama, tembung saroja lan sapanunggale.


Sumber : Buku gegaran Nyinau basa hawa Kelas XII SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Tripama Pupuh Dhandanggula

Katresnan Kang Sejati

Pitutur Luhur ing Wayang